PAWARTOS

PAWARTOS
Pawartos inggih punika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat.
Pawarta inggih punika kadadosan ingkang tembe kemawon dumadi wonten ing salah satunggaling papan panggenan ingkang taksih dados reraosing tiyang kathah utawi katrangan ingkang saged paring pangerten ngenani salah satunggaling kahanan. 
Pawarta punika minangka prastawa ingkang dipunwartakaken ingkang ngandhut informasi kagem para pamiyarsa.
Unsur fakta ingkang wonten ing cerkak inggih punika:
1.      Who (sinten)                        : Sinten ingkang tumindak
2.      What (menapa)                    : Menapa ingkang dipuntindakaken
3.      When (kapan)                       : Kapan kadadosanipun
4.      Where (wonten pundi)         : Wonten pundi papanipun
5.      Why  (kenging menapa)        : Kenging menapa saged tumindak kados menika
6.      How (kadospundi)               : Kados pundi caranipun
Wonten mapinten-pinten jinis pawartos inggih punika:
1.      Pawartos Langsung (straight news)
2.      Pawartos Mendalam (depth news)
3.      Pawartos Opini (opini news)
4.      Pawartos Photo
Struktur panyeratan pawartos inggih punika:
1.      Irah-irahan (head)
2.      Baris tengah (dateline)
3.      Teras pawartos (lead)
4.      Wos pawartos (body)
Prinsip panyeratanipun pawartos menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawisipun fakta saha opini boten dicampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih punika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten.
Pawartos minangka kadadosan ingkang dipunwartakaken. Saged arupi lesan utawa tulisan. Lesan ateges pawartos saged dipunwartakaken dening tiyang sanes kangge pamiyarsa lumantar swara. Seratan pawartos punika limrahipun kapacak wontening kalawarti. Perangan ingkang netokaken bobot biji pawarta inggih punika:
1.      Aktualitas
2.      Sesambetan kaliyan papan kadadosan
3.      Sesambetan kaliyan unsur-unsur ingkang katut ing saklebetipun kadadosan
4.      Sesambetan kaliyan padamelan pamaos/pamiyarsa
5.      Jangkepipun pawarta
Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos inggih punika:
1.      Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken
2.      Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati
3.      Nyathet informasi ingkang leres saha premati
Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih punika:
1.      Panyaruhipun punika sak mesthinipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce kanthi sae.
2.      Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha
3.      Tembung-tembung saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunmangertosi utawa dipunpahami
4.      Panyaruhipun punikakedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti ingkang relevan
Paring panyaruh pawartos punika kedah evaluatif (paring pambiji) lan objektif (pawartos ingkang dipuntampi kanthi sakwontenipun).
Tuladhanipun Pawartos inggih punika:
Banjir Ing Bantaran Kali Cisarua
Diposkan oleh Sendra Tari di 11.41

Sasampunipun kedadean bencana alam banjir ing dinten Rabu, 13 Januari 2016 dalu nuli, sethithike wonten enem Kepala Keluaraga (KK) warga desa Warungkiara RT.03, Sukamaju, Cianjur sing rekasa ketunan material ingkang boten sekedhik.
 Boten wonten korban jiwa ing musibah kasebat, nanging kerugian ditaksir nduwe aji Rp20 yuta luwih. Para korban saiki ngarep-arep supaya cepet wonten panangen infrastruktur papan panguwawa lemah ing bantaran kali Cisarua ingkang bludak.
Miturut Esih, salah satunggaling korban, kondisi wektu menika ndamel dheweke lan warga liyane rumangsa kuwatir bakal kedadean hal ingkang sami pas cuaca ala kedadean malih, banda lan barang duwene lan warga liya ingkang dados korban banjir telas kabekta arus amarga derese kali ingkang banjir.
“Omah kontrakan Arti (45) ambruk ditempuh banjir. Tembok tangen omah buri sekitar 50 meter ambrol, lan banda duwe Iwan ing ngomah sewaan kabekta arus,” tembung pangarep RT.03, Asep Muhaemin, Kamis tanggal 14 Januari nuli.
Para korban wekdal menika ngarep-arep supaya sacepete angsal bantuan, becik saking pihak Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD), Dinas Pengelolaan Sumber Daya Air, lan Pertambangan (PSDAP), utawi instansi terkait liyane. Cendhake, dekne sedaya mawanti-wanti supados pamerentah Kabupaten (Pemkab) Cianjur cepet tanggep anggenipun nangani bencana sak-werna menika.
Dikuwatiraken yen udan deras bali mudhun, kali Cisarua bisa ngalami banjir ingkang gede malih. Lan kanggo antisipasi hal kesebut, minimal kedah wonten realisasi panangen TPT ing bantaran kali Cisarua.
“Pengene aja nganti kedadean malih, mula kuwi cepet kedah dipundandani. Warga ndambake sanget sacepete wonten panangen TPT,” tutur Riki (30), Salah satunggaling warga.
Jeje 46 th, korban banjir liyane, ngungkapaken menawi banjir sing kedadean wingi kui, korban sing paling parah yaiku omah kontarakanipun Arti sing rubuh kesapu tempuhan banyu.
“Mesakke menika ingkang ngontrak, bandanipun kabekta banjir,” gamblang dheweke.

ANALISIS
A.       5W+1H
1.    What (Menapa)
Bencana Alam Banjir
2.    When (Kapan)
Dinten Rabu dalu tanggal 13 Januari 2016
3.    Where (Wonten pundi)
Ing Warungkiara RT.03, Sukamaju, Cianjur
4.    Who (Sinten)
Enem Kepala Keluaraga (KK) warga desa Warungkiara RT.03, Sukamaju, Cianjur
5.    Why (Kenging Menapa)
Amargi udan ingkang deres, nyebabaken arus kali deres sanget
6.    How (Kados pundi)
Banjir dipunsebabaken dening jawah ingkang deres sanget. Banjir uga nyebabaken banda lan barang warga ingkang dados korban banjir telas kabekta arus amarga derese kali ingkang banjir. Nanging boten wonten korban jiwa ing musibah kasebat, nanging kerugian ditaksir nduwe aji Rp20 yuta luwih. Para korban saiki ngarep-arep supaya cepet wonten panangen infrastruktur papan panguwawa lemah ing bantaran kali Cisarua ingkang bludak.
B.       Informasi Ingkang Wigatos
1.    Sasampunipun kedadean bencana alam banjir ing dinten Rabu, 13 Januari 2016 dalu nuli, sethithike wonten enem Kepala Keluaraga (KK) warga desa Warungkiara RT.03, Sukamaju, Cianjur sing rekasa ketunan material ingkang boten sekedhik.
2.    Boten wonten korban jiwa ing musibah kasebat, nanging kerugian ditaksir nduwe aji Rp20 yuta luwih.
3.    “Omah kontrakan Arti (45) ambruk ditempuh banjir. Tembok tangen omah buri sekitar 50 meter ambrol, lan banda duwe Iwan ing ngomah sewaan kabekta arus,” tembung pangarep RT.03, Asep Muhaemin, Kamis tanggal 14 Januari nuli.
4.    Jeje 46 th, korban banjir liyane, ngungkapaken menawi banjir sing kedadean wingi kui, korban sing paling parah yaiku omah kontarakanipun Arti sing rubuh kesapu tempuhan banyu.
C.       Informasi ingkang leres saha premati
1.    Miturut Esih, salah satunggaling korban, kondisi wektu menika ndamel dheweke lan warga liyane rumangsa kuwatir bakal kedadean hal ingkang sami pas cuaca ala kedadean malih, banda lan barang duwene lan warga liya ingkang dados korban banjir telas kabekta arus amarga derese kali ingkang banjir.
2.    “Omah kontrakan Arti (45) ambruk ditempuh banjir. Tembok tangen omah buri sekitar 50 meter ambrol, lan banda duwe Iwan ing ngomah sewaan kabekta arus,” tembung pangarep RT.03, Asep Muhaemin, Kamis tanggal 14 Januari nuli.
3.    Jeje 46 th, korban banjir liyane, ngungkapaken menawi banjir sing kedadean wingi kui, korban sing paling parah yaiku omah kontarakanipun Arti sing rubuh kesapu tempuhan banyu.

SUMBER :

LKS Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CERITA CEKAK (CERKAK)

UYON-UYON

SESORAH