CERITA CEKAK (CERKAK)
CERITA CEKAK
(CERKAK)
A.
Pangertosan Cerkak
Cerita cekak utawi ingkang asring
kacekak “Cerkak”, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Amargi
cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngandelaken teknik-teknik sastra kados
dene tokoh, plot, tema, basa saha insight kanthi langkung wiyar tinimbang
karya fiksi ingkang langkung panjang.
Miturut sujarahipun cerkak punika
wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur.
Cerita cekak limrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah
cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting
ingkang tunggal, cacahing para ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak.
Menawi kawujudaken cariyos ingkang langsung wiyar, cariyosipun gadhah suraos
tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang nglantaraken setting, wekdal saha paraga baku), Komplikasi (kadadosan ing salebeting
cariyos ingkang nepangaken konflik),
krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala
ngadhepi konflik), klimaks (punjering
cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak), lan wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged
karampungaken).
B.
Unsur-unsur Cerkak
Cerkak nggadhahi kalih unsur, inggih
punika :
1. Unsur Instrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting
cerkak piyambak. Ingkang kaleber unsur intrinsic inggih punika :
a.
Tema inggih punika underaning
cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
b.
Latar inggih punika panggenan,
wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos punika kedah
cetha, wonten pundi kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta
kawontenan rikala kadadosan kasebat kalampahan.
c.
Alur (plot) inggih punika
reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang
dados 3 inggih punika :
1) Alur maju inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutanipun
manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi
cariyosipun tansah lumampah majeng.
2) Alur mundur inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutanipun
kadadosan boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang
lampahipun mundur.
3) Alur campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju kaliyan
alur mundur.
Alur kaperang dados pinten-pinten tataran, inggih punika :
1) Pangantar inggih punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal,
panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
2) Wiwitaning perkawis inggih punika peranganing cariyos ingkang
minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
3) Klimaks inggih punika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang
minangka undering cariyos.
4) Anti klimaks inggih punika prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged
dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
5) Resolusi inggih punika prekawis sampun saged karampungaken.
d.
Watak inggih punika gegambaran
watak utawa karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika
saged dipuntingali saking tigang aspek inggih punika :
1) Pacelathon paraga
2) Gegambaraning paraga
3) Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge gambaraken watak wantuning
setunggaling paraga, panyerat limrahipun ngginakaken teknik :
1) Teknik analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dening
panyerat.
2) Teknik dramatik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi :
a)
Nggambaraken bab badan saha
tindak tandukipun
b)
Nggambaraken lingkungan
gesangipun paraga
c)
Basa ingkang kaginakaken
paraga
d)
Cara anggenipun mikir saking
paraga
e)
Cara wontenipun paraga sanes
e.
Nilai (amanat)/ piwulang luhur
inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar
cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang
purun mais cariyos dening panyerat.
f.
Cara panyerat nyariosaken (sudut pandang) inggih punika kalenggahanipun panyerat rikala nyariosaken. Sudut
pandang punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika :
1) Minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat ndherek minangka paraga
ing cariyos ingkang kacariyosaken.
2) Minangka tiyang kaping tiga, panyerat minangka dhalang ing
cariyosipun.
g.
Gaya bahasa/lelewaning basa
2.
Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika
unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah
pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika
:
a.
Nilai-nilai ing salebetipun
cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b.
Latar belakang gesangipun
panganggit.
c.
Kahanan sosial rikala
cariyos dipundamel.
Nemtokaken punapa ingkang saged
dipundadosaken titikan anggenipun milih cerkak saking wujud cariyos fiksi sanesipun
ingkang langkung panjang taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah
satunggaling teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwaos ngantos
rampung ing satunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges-teges sanesipun
nyebutake cekak saha panjangipun saged katingal saking cacahipun
tembung-tembungipun inggih punika 7.500 tembung.
C.
Caranipun Damel Cerkak
1. Angen-angen pengalaman ingkang sampun kalampahan. Lajeng pados
tema ingkang trep kaliyan pemanggihipun piyambak.
2. Damel cengkorongan (kerangka) cerkak.
3. Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4. Ingkang perlu dipungatosaken inggih punika :
a. Kedah wonten prekawis
b. Wonten permasalahanipun (konflik)
c. Wonten endingipun (anti klimak)
D.
Bedanipun cerkak kaliyan novel
No
|
Cerkak
|
Novel
|
1
|
Cariyosipun cekak
|
Cariyosipun dawa
|
2
|
Perkawis ingkang
dicariyosaken setunggal
|
Perkawis ingkang
dicariyosaken luwih saking setunggal
|
3
|
Cacahipun paraga
sekedhik/winates
|
Cacahipun paraga kathah
|
4
|
Cacahing tembung antara
1.000-20.000
|
Cacahipun tembung luwing
saka 20.000
|
E.
Tuladha
Sing Nandur Bakal Ngundhuh
Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan
hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo
dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau
nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi
ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya.
Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben
dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa
kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang
ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan
sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi
sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng
saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham
lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar
ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi
dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga
esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng
ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung
ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon
meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu
Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.”
semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang
kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki
dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?”
welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen.
Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo
bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah
pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?”
pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?”
ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres
putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing
dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti
bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake
kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu
Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen
marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata
dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar
amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana
rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing
lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing
gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah
amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi
dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi. Nanging,
Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko
arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan
dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang
Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu
susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah
njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham
pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing
sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu
Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi
putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep
nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida
nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran
amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake
bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar
buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo
nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU,
atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu
Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan
njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo
rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul
rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal
mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika
kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi
anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora
nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas
mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu
Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham
amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti
yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur
nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng
panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira
kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang
dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya
unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.
SUMBER :
LKS Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2
Komentar
Posting Komentar