SESORAH

SESORAH
Sesorah yaiku micara ing sangajengipun tiyang kathah kanthi ancas utawi tujuan tartamtu.
Ancasipun tiyang sesorah inggih punika:
1.      Atur pambagya
2.      Paring informasi
3.      Atur pangajak
4.      Atur panglipur
5.      Paring panyaruwe
Supados nengsemaken ing samudayanipun, pramila kedah nggatosaken:
1.        Busana (Ageman)
Anggenipun ngadi busa kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi.
2.        Subasita (Trapsila, Tata Krama)
Solah bawa ampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nangin boten kaken. Pramila punika saged gladhen wonten ing sangajengipun pengilon ingkang ageng, mmangke badhe manggihi patrap ingkang luwis tuwin pantes.
3.        Swara (Vokal)
Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi cetha. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, ampun ngantos kesesa, nanging ugi ampun ngantos nglentreh sanget.
4.        Basa tuwin Sastra
Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirangaken. Ngginakaken basa ingkang langkung rinengga, kanthi tembung-tembung ingkang endah, nanging ugi kedah ngengeti saha njumbuhaken kaliyan kawontenanipun. Basa ingkang komunikatif inggih punika basa ingkang kedah angengeti :
a.         Sinten ingkang gineman
b.         Sinten ingkang dipunajak gineman
c.         Sinten ingkang dipun ginem
d.        Swasana nalikanipun gineman
e.         Sami mangertosi ingkang dipunginemi

Perkawis ingkang keah dipungatosaken inggih punika:
Patrap sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken:
1.        Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, Percaya diri
2.        Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku
3.        Polatan katingal sumeh, namung boten katingan kadamel-damel
4.        Mriksani dhumateng para pamiyarsa kanthi trapsila
5.        Penggalih dipunsarehaken, supados suwanten boten kepireng ndredheg
6.        Wiramaning wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan
7.        Swanten boten perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang
8.        Ngagem basa ingkang alus
9.        Pangandikan boten perlu muter-muter

Wonten babagan ingkang kedah dipungatosaken bab rantamaning sesosah antawisipun:
1.        Salam pambuka (manut kapitadosan lan swasananipun)
2.        Purwaka inggih punika ngunjukaken puja lan puji marang ngarsanipun gusthi saha atur panuwun dhumateng para rawuh)
3.        Surasaning basa/wos inggih punika uderaning bab ingkang dipunwedharaken.
4.        Dudutan (Simpulan) inggih punika inti sarining wedharan pangajeng-ajeng inggihpunika bab-bab kang dipukajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng
5.        Wasana inggih punika atur panuwun saha atur pangaksami anggenipun nindakaken jebihan.

Jinisipun sesorah saged kabentenaken dados 4 warni inggi punika:
1.        Kanthi cara apalan (model)
Sesorah cara punika saderengipun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan. Asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen.
2.        Kanthi cara naskah utawi teks
Sesorah cara punika juru pamedhar sabda saestu bekta teks lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipunapalaken. Dipunginakaken dening para pejabat ing upacara-upacara resmi.
3.        Kanthi cara dadakan utawa impromptu
Menika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara punika lajeng dipunaturi sesorah. Kepara priyayi kala wau pancen sampun kalebet ahli sesorah ingkang bedhanipun “orator”.
4.        Kanthi cara ekstemporan
Punika cara pidhato kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damelcathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cara punika, menawi dwija saderengipun mucal para siswanipn sampun cecawis pokok bahasan ingkang badhe dipunrembag utawi dipun wucalaken.

Cengkoronganipun sesorah :
1.        Purwaka, ngemot:
a.       Uluk salam utawa salam pambuka
b.      Pakurmatan marang tamu
c.       Puji syukur dhumateng Gusti Kang Maha Ageng
d.      Ngaturaken ayahan utawa jejibahane
2.        Perangan isi, ngemot:
a.       Ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhipun tamu
b.      Ngantueaken ujuding gati
c.       Nganturaken agunging panuwun awit pambiyantunipun para mudha, sumbang sih saking tamu, lan masyarakat
d.      Nyuwunaken pangapunten awit sedaya kekirangan lan kaluputane minangka panitya
e.       Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula
3.        Panutup, ngemot:
a.       Para tamu kasuwun nerusaken anggenipun lelenggahan nganti pura
b.      Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
c.       Salam panutup

Tuladhanipun sesorah inggih punika:

PENGETAN DINTEN PAHLAWAN

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh.
Bapak  ibu guru SMA N 1 Godean  lan karyawan ingkang satuhu kinurmatan,
Saha para siswa ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sami satemah wonten ing wekdal punika kita saged kempal wonten ing pengetan dinten pahlawan punika kanthi sehat walafiat. Boten kesupen salawat saha salam mugi-mugi tansah katuraken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang tansah paring syafa’at dhumateng kita ing yaumul akhir. Amin.
Bapak ibu guru ingkang satuhu kinurmatan saha para siswa ingkang kula tresnani.
Para siswa mangertos punapa pahlawan iku? Pahlawan inggih punika tiyang ingkang nggadhahi kathah ganjaran ing lelabetanipun. Semangat juang para pahlawan punika ingkang kedah kita tuladhani, semangat ingkang boten nate kendhat ing kahanan maneka warna. Semangat juang para pahlawan ugi kedah dados motivasi kita supados kita saged dados pahlawan wonten ing gesang bebrayan kita, saking lingkup kaluwarga, sekolah, masyarakat nagari lan agami. Kita kedah ngulintenaken sipat ikhlas wonten ing bab punapa kemawon amargi pahlawan punika boten nggadhahi pamrih tumrap pribadinipun.
Kita ugi kedah mangertos menawi kamardikan ingkang kita raosaken wekdal punika minangka asil saking perjuangan para rakyat Indonesia. Para rakyat sami nglawan penjajah kanthi semangat rela berkorban. Para rakyat ngorbanaken nyawa lan bandha kangge kamardikan bangsa punika. Para rakyat berjuang tanpa pamrih. Kita rumaos begja, amargi pamarintah netepaken tanggal 10 November dados dinten pahlawan. Kita diparingi kasempatan kangge mengeti  jasa-jasa  para pahlawan bangsa.
Kamardikan bangsa punika kaleksanan amargi rakyat Indonesia gadhah semangat penjuangan ingkang inggil. Tanpa semangat perjuangan punika, kamardikan bangsa boten saged kaleksanan. Saklaminipun rakyat Indonesia temtu gesangipun tansah dipuntindhes  para penjajah. Para penjajah nagari kita kepingin nguasai pamarintahan saha ngeruk bandhane bangsa punika. Sampun kathah cara ingkang dipuntindakaken dening para penjajah. Para penjajah meksa rakyat Indonesia nyambut damel rodi lan romusa. Tanpa upah, rakyat Indonesia kedah makarya kanthi mempeng. Sebab punika, kathah rakyat Indonesia ingkang dados banten seda nalika nyambut damel rodi lan romusa.
Tanggal 10 November wekdal punika dipunpengeti kangge ngemut-emut bilih rikala semanten ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipunpandhegani arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu utawi Inggris mlebet ing tanah Jawi.
Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia, damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut cawe-cawe ngengingi prastawa punika.
Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengane Bung Tomo kanthi sesorah paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kangge mbangun nagari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge mbela bangsa lan nagari. Kanthi semboyan “Rawe-rawe rantas, malang-malang putung” , “Mandheg ambleg, mundur ambyur” , “Mati siji tuwuh sewu”. Para pejuang mupuk semangatipun kangge  ngusir kolonialisme saking tanah air.
Kanthi rahmating Allah SWT, Pahlawan Indonesia sampun saged ngrebat wilayah Surabaya saking penjajah. Kita boten saged nglalekaken perjuanganipun arek-arek Surabaya ingkang dipimpin dening panjenenganipun pejuang ageng, inggih punika Bung Tomo, ingkang kanthi sesorah ngagungaken asmaning Gusti Allah.“Allahu akbar! Allahu akbar!”
Para pejuang ingkang ngadhepi penjajah saha mbela bangsa lan nagari kangge putra lan putu ing tembe. Pramila mangga sesarengan nglajengaken punapa ingkang dados perjuanganipun para pahlawan. Ing salebeting kita merdeka, kita taksih berjuang. Boten kangge merangi penjajah nanging kangge merangi kemiskinan lan kebodohan tumrap Bangsa Indonesia.
Kanthi menika, kula ngajak para siswa supados nglajengaken perjuanganipun para pahlawan kanthi sinau mempeng. Para siswa sinau boten namung kangge golek kesuksesan lan bandha ing wekdal ngajeng. Nanging, para siswa kedah sinau kanthi tujuan mbangun bangsa punika. Tuladhanipun kanthi cara mbangun yayasan kangge tiyang-tiyang kekirangan, maringi bantuan arupa bandha utawi pikiran kangge tiyang-tiyang ingkang mbutuhaken. Satemah, perjuanganipun para pahlawan boten mandheg dumugi mriki kemawon lan dadosaken para siswa pahlawan ing wekdal sakpunika, wekdal ngajeng, lan saterasipun.
Mekaten ingkang dados atur Ibu, bilih wonten kithaling rembag saha kirang suba sitaning tindak tanduk atur, kula tansah nyuwun agenging samodra pangaksami.Matur nuwun.
Wassalamualaikum warrahmatullohi wabarakatuh.

SUMBER :

LKS Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CERITA CEKAK (CERKAK)

UYON-UYON